Senin, 19 April 2010

KANGGO KANCAKU

KANCA RAKETKU
Anggitanipun: Dani

Saben dina
Namung sliramu sing tansah sinawang ing pikiran
Yaiku kowe, sing pada ngancani aku
Wiwit SMA nganti saiki
Sliramu tansah ngancani aku
Kekancan sing ora bisa den itung mawa bandha
Apa maneh karo kalenggahan
Nalika aku lagi nggrundel
Sliramu sing gawe atiku ayem
Nalika aku oleh bebungah
Sliramu uga melu seneng
Saiki, kahanane wis pada beda-beda
Nanging kuwi mau ora dadi pepalang
Anggonmu kekancan
Nganti besuk,
Aku tetep eling
Marang apa sing wis tau di lakoni bebarengan
Jenengmu tetep ana ing atiku
KANCA RAKETKU

Tidak ada komentar:

Posting Komentar