Senin, 19 April 2010

CATETAN AKHIR SEMESTER


ing semester wingi kowe gawe atiku sumringah
ing semester wingi kowe bisa gawe aku seneng
ing semester wingi aku seneng
awit ana sliramu
kembang melati kang manggon
ana ing tamaning kalbu

nanging kuwi ora bisa suwe
kembang kuwi alum
kesaput angin kang ngoyak
alum bebarengan karo pungkasaning semester

mungkin pancen pungkasing semester
uga dadi pungkasing gambaran endah
kang wis kok gambar ana ing atiku

selamat tinggal semester lawas
selamat tinggal kembang melatiku

semester iki aku kudu bisa luwih apik
tinimbang semester wingi
senajan sliramu wis dadi duwene liyan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar