Senin, 19 April 2010

KABUDAYAN KANGGO SAPA

KABUDAYAN KANGGO SAPA

Kabudayan kang adiluhung

Jejuluke kabudayan Jawa

Kabudayan kang perlu den uri-uri

Marang kita para mudah mudhi

Kabudayan kang tansah diuri uri

Supaya padha ora lali

Kuwi kang den butuhake kabudayan

Yen bisa ngomong

Kabudayan bakal mbengok

Njaluk tulung marang kita sami

Kang saya ngadoh, ninggal kabudayan iki

Dudu bandha, dudu kalenggahan

Namung kesadaran para mudha

Kang dibutohna

Tumrap para kawula mudha

Kabudayan mbutuhake kawigatenmu

Reksaha kabudayan kang ana

Awit namung kuwi waisane simbah

Kanggo negeri kang gemah ripah lohjinawi

Sapa maneh,

Sing bakal marisi

Kejaba kita sami

Tidak ada komentar:

Posting Komentar